CAOS SYUKUR
Pekan Limrah VIII
Kaimamam 24:5-9; Jabur 81:1-10; Markus 12:38-44
Sebab dhuwit sing padha dilebokaké ing pethi pisungsung mau saka kaluwihané.
Nanging randha miskin kuwi wis nglebokaké dhuwité kabèh sing diduwèni, sing
dibutuhaké kanggo nyambung uripé. (Markus 12: 44)
Aku lungguh mingrang-mingring ing pojoking padaleman suci. Sejatine ora
pantes kumpul karo priyayi sugih sing sandhangane sarwa resik, mencorong.
Durung meneh rembugane sing ora bisa dakcandhak miturut nalarku sing cupet.
Aku rumangsa kaya wong manca ing omahku dewe. Aku gumun banget marang
kawasisane anggone padha ngandharake pangandikane Gusti Allah. Kadang kala
ana tembung sing ora dakngerteni. Aku ora wani takon. Awit sapa to aku iki? Aku
iki randha sing ora duwe papan kang mungguh ing masyarakat kene. Ora
dianggep paseksenku. Kudu manut kabeh pranatan wong lanang lan
pemrentahan, malah uga aturan agama.
Pancen aku wong wadon, randha kang miskin. Ora duwe wong lanang kang
njaga lan tanggungjawab marang uripku. Uripku gumanthung karo welas asihe
sedulur liyane. Mulane aku lungguh ing pojoking padalemen suci, ngrumangsani
kahananku sing sekeng. Saka kitab suci, aku ngerti yen uripku sejatine
kanugrahan saka Gusti. Kabeh sing daktampa lan daklakokani iku saka Gusti.
Aku pencen ora duwe apa-apa kanggo ngaturke panuwun. Mulane rikala aku
maju ing pethi pisungsung, aku lingak-linguk, ndungkluk, isin banget yen wongwong
padha ndeleng awakku sing ngaturake pisungsung. “Akh..opo iki pantes
disebut pisungsung?” Aku sedih, lan mundur kanthi rasa isin lan nangisi awakku
sing miskin iki.
Randha iki nggantungke uripe saka sih kawelasane Gusti Allah. Deweke percaya
yen uripe mesti di reksa karo Gusti. Kita di wenehi pitutur supaya duwe ati kaya
atine randha miskin iki, urip kang kebak panuwun lan ngandelake urip marang
Gusti, kanthi misungsungake apa sing kita darbeki katur kamulyane Gusti Allah.
|*AHH